Perbaikan Monitor CRT

Perbaikan Monitor CRT

Katresnanku

Katresnanku sinimpen sakjeroning Qolbu

Kamis, 17 November 2011

Slamet

Mas Slamet kang tansah konsentrasi naliko lagi nyolder ono ing praktek ngerakit tape deck

Santoso lan Poniman

Kanchaku Mas Santoso lan Mas Poniman kang tansah sumringah sakjeroning kelas naliko ing Pelatihan ELDA ( Elektronika Dasar ) ing foto ngarep yen sik ono mburi Mas Bambang lan Mas Sakuri peserta soko Kabupaten Batang anggota ODB
iki naliko lagi merangkai ulang Power Speaker Aktif

INSTRUKTUR ELDA Bpk Yusuf lan Bpk.Sutiyono ( Pak Tiyo' )

Maturnuwun kagem sedoyo Instruktur Pelatihan ELDA khususon Bpk.Yusuf.A soho Bpk.Sutiyono ( Pak Tiyo' ) ingkang sampun kanthi syobar nyukani seserepan ilmu elektronika dumateng sedoyo peserta wabilkhusus ingkang saking Kabupaten Karanganyar 1.Santoso 2.Slamet 3.Sartono 4.Poniman ,Mugi-mugi sedoyo ilmu  ingkang sampun kaparingaken saged dadhos sangu ngupoyo karyo ing sakjeroning panguripan alam donyo nganthos dumugi ing alam akhirot samangke ndhadhosaken ilmu ingkang manfaat soho barokah.

Naliko Pelatihan ELDA ( Elektronika Dasar )

Alchamdulillah,awit panyengkuyung soko Mas Eko, pinongko Petugas TKSK ( Tenaga Kesejahteraan Sosial Kecamatan ) ing Kecamatan Mojogedang.Sartono kaketutake dikirim menyang Semarang tepate ono ing BLK Penca Jl.Perintis Kemerdekaan No : 43 Pudak Payung Semarang. ugo pambiyantu soko Dinas Sosial ing Kabupaten Karanganyar kang pinercoyo ngirimake peserta pelatihan ELDA kang cacahe watawis ono limo ( 5 ) yoiku : 1.Sartono 2.Joko Purnomo 3.Poniman 4.Sutarno 5.Santoso sekabehane mau asale soko piro-piro Kecamatan kang sumebar ing Kabupaten Karanganyar.ananging tumeko titi wancine budal Pelatihan ono sik ora biso melu amargo kaperluan kang ora biso ditinggalake mulane ing dino Jum'at esuk udokoro jam 07 : 00 kang manggon ing Dinas Sosial Tenaga Kerja dan Trasmigrasi komplek kantor Kabupaten Karanganyar wiwit persiapan berangkat menyang Semarang ing antarane ono sik durung pitepangan amargo lagi sepisan ketemu yoiku Mas Slamet soko Kebak kramat,sakwise kabeh peserta siap mulo banjur mlebu Mobil Dinas saperlu diterake menyang Semarang.Bp.Sumarno lan Bp.Sriyadi pinongko pejabat Dinas Sosial Kabupaten kang masrahake sak kabehing peserta pelatihan sakwise tumeko ing Semarang.rencanane Pelatihan iki bakal kaleksanan sekitar sak wulan kawiwitan tanggal 02 April 2011

Kahanan

Senajan Panguripan niki kebak ing Pacoban ananging kudu tetep bertahan..mugi Alloh tansah paring Bimbingan.

Rabu, 16 November 2011

Rise to masa depan gemilang

Rise to masa depan gemilang       Gumregah Makaryo Ngupoyo mrih Rahayuning sesami