Perbaikan Monitor CRT
Katresnanku
Katresnanku sinimpen sakjeroning Qolbu
Kamis, 17 November 2011
Naliko Pelatihan ELDA ( Elektronika Dasar )
Alchamdulillah,awit panyengkuyung soko Mas Eko, pinongko Petugas TKSK ( Tenaga Kesejahteraan Sosial Kecamatan ) ing Kecamatan Mojogedang.Sartono kaketutake dikirim menyang Semarang tepate ono ing BLK Penca Jl.Perintis Kemerdekaan No : 43 Pudak Payung Semarang. ugo pambiyantu soko Dinas Sosial ing Kabupaten Karanganyar kang pinercoyo ngirimake peserta pelatihan ELDA kang cacahe watawis ono limo ( 5 ) yoiku : 1.Sartono 2.Joko Purnomo 3.Poniman 4.Sutarno 5.Santoso sekabehane mau asale soko piro-piro Kecamatan kang sumebar ing Kabupaten Karanganyar.ananging tumeko titi wancine budal Pelatihan ono sik ora biso melu amargo kaperluan kang ora biso ditinggalake mulane ing dino Jum'at esuk udokoro jam 07 : 00 kang manggon ing Dinas Sosial Tenaga Kerja dan Trasmigrasi komplek kantor Kabupaten Karanganyar wiwit persiapan berangkat menyang Semarang ing antarane ono sik durung pitepangan amargo lagi sepisan ketemu yoiku Mas Slamet soko Kebak kramat,sakwise kabeh peserta siap mulo banjur mlebu Mobil Dinas saperlu diterake menyang Semarang.Bp.Sumarno lan Bp.Sriyadi pinongko pejabat Dinas Sosial Kabupaten kang masrahake sak kabehing peserta pelatihan sakwise tumeko ing Semarang.rencanane Pelatihan iki bakal kaleksanan sekitar sak wulan kawiwitan tanggal 02 April 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar